Gusti mugi mirsani

 


1.Gusti mugi mirsani nggén kula kersa katan.
Kula mlajeng mring pundi, namung dhateng Pangéran.
Nyuwun tulung, dhuh Allah, mugi nglanting kawula
sing sagung karibedan, dimén pulih lejara.


2.Tan wonten pangauban, séstu namung Paduka,
etuking pitulungan tumrap tyang kang nalangsa.
Yén kegunturan sedhih miwah nandhang sangsara,
sinten kang nglipur malih, inggih namung Paduka.


3.Gusti dados pikekah miwah béténg kawula,
karaosannya tyang lungkrah, pepadhangnya tyang wuta.
Kula apes anglentrih, Gusti matingi kiyat;
kula tyang kawlas-asih, tansah nyuwun sih-rahmat.


4.Gusti tuking kadarman, mugi mlasi mring kula.
Uwala sing momotan wah kalis ing panggodha.
Gusti taking kraharjan kang kwasa mbirat dosa,
mugi nucékken kula, temah gesang sembada.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *